Rabu, 03 Februari 2010

Koyo nGene rasAne………

piraNg-piraNg dino iki hawane naNg beNgkulu jan paNas tenan, awak rasaNe keMringet teRus nganti ambune prengus.

Yen wis wayah’e mulih nang asrama rasane koyo di godog nang dandang, kabeh pori-pori ngetokke kringet, wis dicoba turu mleding tetep ae iseh panas…… ampun tenan.



We…lha dalah mbengine arep turu kok malah ono suara koyo bocah nangis, rambutku langsung ae mrinding tak kiro mbak kunti arep berkunjung nang asrama. Eh suwe-suwe dirasakke suarane tambah ra kepenak nang kuping. Saking jengkele tak goleki soko ngendi tho suara kuwi mau, walah jebulanae kucing kawin….pancen kake’ane tenan “kono sing kepenak kene sing ra iso turu”. Iki kucing malah ketok’e ngrasakke penak tenan nganti ra ngerti yen aku wis gawo banyu sak ember, saking jengkele tak gebyurke ae banyu sak ember kuwi mau. Kucinge mlayu kocar-kacir, sing siji mlayu ngiwo sing siji nengen, kapokmu kapan senengane kok ganggu wong arep turu?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar