Jumat, 05 Februari 2010

tuRu nanG kapeL

Wis kelingan maneh jamane iseh do seneNg turu nang kapel. saben mulih soko grejo sebtu sore wis mensti bar kuwi mlaku-mlaku nang gua maria kerep ambarawa (GMKA). Jan wis ra ono jeleh'e, mbuh kok iso koyo ngono? Yen dino wis kethok tambah mBengi, aku karo konco-konco langsung mulih tapi ora lali mampir tuku SUHE (susu jahe) nang ngarepan apotik sidowaras III. We....lha dalah lagi enak-enak'e ngombe SUHE ono bencok kok ra karoan genah'e. Karo bocah-bocah digarapi entek-entekan, yo dikon nyanyi karo joget. We...tibak'e bar kuwi njaluk bayaran, lha duwitku karo gon'e konco-konco cupet tenan e.... bar bayar SUHE, motor langsung di stater. Waduh mas, eh embak bencong mlayu ngoyak aku karo konco-konco. Setan!!!! mlayune koyo Flash Gordon cepet tenan. Untung ae aku karo konco-konco ra iso kecekel. Alhamdulilah.

Bandang tekan kapel aku karo konco-konco guyu kepingkel-pingkel. Asu, edan!!! untung ae ra kecekel, yen kecekel iso-iso kon bayar "kena gigi uang kembali om" koncoku le crito karo muncrat-muncrat banyu soko cangkem'e.

Biasa tekan kapel ora langsung turu, padahal wis kiro-kiro jam sijinan, ono sing udad-udud, genjrang-genjreng maen gitar karo nyanyi-nyanyi padahal suarane ra ngalor ra ngidul. Pokok'e rame tenan. Ra kroso wis jam telu esuk, eh lagi arep turu mbak budi sing duwe omah nang samping kapel gedok-gedok lawang kapel. Tak kiro nesu karo aku lan bocah-bocah, we...e...jebule malah ngei mangan. Lha dasar bedes-bedes langsung ae sego karo lawuh'e entek ra nganggo jam-jaman. bar mangan podho turu. tangine awan tenan, ono sing jam 10, 11, yo ono sing jam 12.

semene di sek critone.....dilanjut sesuk maneh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar