Selasa, 09 Februari 2010

Rasane urip neng paran…..

Jaman’e iseh urip melu wong tua, aku isone yo gur gawe jengkel wong tua, urip yo gur turu, mangan, dolan, karo njaluki duwite wong tua. Mak’e, Pak’e aku njaluk pangapurone yen akeh salah’e, aku durung iso gawe seneng atine panjenengan.

Nanging saiki iso urip adoh soko wong tua nang paran kok malah dadi koyo ngene, “duh Gusti menungso pancen ora ono rasa syukur’e”. Yen dipikir-pikir naliko melu wong tua kuwi arep mangan ra usah mikir wis ono sing masakke, ngumbahi klambi wis ono sing ngumbahke, setriko klambi wis ono sing nyetrikakke, tangi kawanan ono sing nggugah, lan sapanunggalanipun. Kudune sak iki aku ra entuk sambat, nanging kok rasane abot tenan dalan uripku.

Ow wallah sak iki sanajan uripe nganti keser-keser tetep arep tak lakoni, panyuwunku yo mung siji “iso nyenengke wong tuaku” mugo-mugo Gusti mirengake panyuwunanku. Aku ugo njaluk pandongo soko mak’e karo pak’e mugo-mugo aku iso dadi wong sing uripe mulya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar