Minggu, 31 Januari 2010

tiKus kuRang aJar


We.....e.....asem tenan tikus pancen gawe emosi. Coba bayangke ae aku tuku lawuh gawe mangan mengko bengi, trus lagi tak tinggal turu disek malah disikat tikus. Tiwas no aku prengat-prengut kari konco-konco asrama tak kiro di mbat bocah-bocah, walah-walah jebul no malah tikus. Ora gur semono tingkahe tikus sing agawe emosi, aku nduwe kaos sing paling tak senengi e...e....lha dalah melu-melu disikat tikus. Kaos sing maune apek sak iki dadi suwek ra karoan genahe. Ono siji maneh kelakuan tikus sing ra sopan, yen ono tamu lewat nang ngarepan ora ono unggah-ungguhe lan gawe isen tenan. Kake'ane tenan Tikus!!!!
Saking jengkele wis aku kudu ngetokk'e jurus terakhir......yo....yo....raCun tikus!!!! Gage-gage aku tuku racun tikus nang warung pertanian, ora nganggo suwe langsung ae tak sebar nang gon sing kirone dilewati tikus. Huff...huff....gari le nunggu hasile.
Sedino bar nyebar racun kok durung ono hasil'e. Wis kudu sabar disek.
Dino sing keloro aku wedi tenan, sebabpe koncoku sing jenenge Sitepu ndase kroso mumet trus hawane muntah terus. E...e....ojo-ojo racun'e dipangan Sitepi, modar bocah ki!!! Wah mugo-mugo ojo nganti sing tak bayangke kuwi mau kedadean tenan. Syukur dino sing ketelu Sitepu wis sehat, wis iso cengar-cengir, plengah-plengeh maneh, atiku dadi ayem maneh. Dino sing kepapat kamar'e Mang Juhai mambu batang, wis pancen juhai rodo ra apek tenan nasibpe, sing masang racun aku sing intuk batange Juhai. Begitulah nasib "siapa menaBur, blm tentu yang menuai" wah malang nasibmu Juhai.
We....lha dalah urip gawe ribut mati yo gawe ribut, pancen tikus.....tikus.....
waspadalah!!!! waspadalah!!!! tikus ono nang kiwo tengenmu.....
Kewan siji iki ra diingu tapi kok yo ono ae nang oamah-omah lho!!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar