Minggu, 31 Januari 2010

tiKus kuRang aJar


We.....e.....asem tenan tikus pancen gawe emosi. Coba bayangke ae aku tuku lawuh gawe mangan mengko bengi, trus lagi tak tinggal turu disek malah disikat tikus. Tiwas no aku prengat-prengut kari konco-konco asrama tak kiro di mbat bocah-bocah, walah-walah jebul no malah tikus. Ora gur semono tingkahe tikus sing agawe emosi, aku nduwe kaos sing paling tak senengi e...e....lha dalah melu-melu disikat tikus. Kaos sing maune apek sak iki dadi suwek ra karoan genahe. Ono siji maneh kelakuan tikus sing ra sopan, yen ono tamu lewat nang ngarepan ora ono unggah-ungguhe lan gawe isen tenan. Kake'ane tenan Tikus!!!!
Saking jengkele wis aku kudu ngetokk'e jurus terakhir......yo....yo....raCun tikus!!!! Gage-gage aku tuku racun tikus nang warung pertanian, ora nganggo suwe langsung ae tak sebar nang gon sing kirone dilewati tikus. Huff...huff....gari le nunggu hasile.
Sedino bar nyebar racun kok durung ono hasil'e. Wis kudu sabar disek.
Dino sing keloro aku wedi tenan, sebabpe koncoku sing jenenge Sitepu ndase kroso mumet trus hawane muntah terus. E...e....ojo-ojo racun'e dipangan Sitepi, modar bocah ki!!! Wah mugo-mugo ojo nganti sing tak bayangke kuwi mau kedadean tenan. Syukur dino sing ketelu Sitepu wis sehat, wis iso cengar-cengir, plengah-plengeh maneh, atiku dadi ayem maneh. Dino sing kepapat kamar'e Mang Juhai mambu batang, wis pancen juhai rodo ra apek tenan nasibpe, sing masang racun aku sing intuk batange Juhai. Begitulah nasib "siapa menaBur, blm tentu yang menuai" wah malang nasibmu Juhai.
We....lha dalah urip gawe ribut mati yo gawe ribut, pancen tikus.....tikus.....
waspadalah!!!! waspadalah!!!! tikus ono nang kiwo tengenmu.....
Kewan siji iki ra diingu tapi kok yo ono ae nang oamah-omah lho!!!!

Pesona Ambarawa 1

Pernahkan anda berkunjung ke Kota Ambarawa? Kota yang berada sekitar 95Km dari kota Semarang ini memiliki udara yang begitu sejuk. Kesejukan ini mungkin dikarenakan Ambarawa berada di sekeliling perbukitan dan pegunungan. Ambarawa memang salah satu kota bersejarah dalam perjuangan merebut kemerdekaan, ada peristiwa penting sejarah yang tercatat dalam dokumen nasional pertempuran itu sering dikenal dengan peristiwa Palagan Ambarawa. Untuk menghormati perjuangan para Pahlawan tersebut maka dibangunlah Monomen dan Museum Palagan Ambarawa. Disetiap akhir pekan dan hari libur Monomen dan Museum Palagan Ambarawa ini banyak dikunjungi oleh para wisatawan domestik yang umumnya berasal dari luar kota.

Selain Monomen Palagan, di Ambarawa juga terdapat Museum Kereta Api. Jaraknya kira-kira 2Km dari Monumen Palagan, di museum ini kita bisa melihat dan belajar tentang perkembangan perkeretaapian di Indonesia. Tidak hanya itu, kita bisa berwisata menikmati alam dan kesejukan udara di Kota Ambarawa dengan melakukan perjalanan menggunakan Lokomotif Tua Peninggalan Pemerintahan Kolonial. Perjalanan ini akan melewati area persawahan dan perbukitan antara Ambarawa-Bedono. Jika kondosi keuangan mepet kita dapat memilih perjalanan menggunakan Lori menuju Stasiun Tuntang perjalanan ini akan melewati area persawahan dan Rawa Pening.

Tak jauh dari museum Kereta Api kita dapat melihat Monomun dan Lapangan Jendral Besar Sudirman. Monumen ini dibangun untuk memperingati perjuangan rakyat Indonesia melawan penjajah yang dipimpin oleh Jendral Sudirman, selain itu monumen ini dibangun untuk memperingati hari Juang Kartika yang dirayakan setiap tanggal 15 Desember.

Jumat, 29 Januari 2010

jaMane gek mBiyen SMA



Sopo wae sing wis tau sekolah mesti nduwe cerito sing ngangenke ugo gawe bungahe ati, opo maneh cerita kuwi nyritakke jamane sekolah nang SMA. Wis mesti ra uwis-uwis le cerita karo koncone mesti iseh ditambah-tambahi karo le muncrat-muncrat banyu seko cangkem. Walah kudu nyiapke payung no.
Kelingan SMA, dadi pengin cerita pas kelasku (kelas 2.2) tawuran karo kelas 3, waduh rame tenan. Umpamane wayang yo koyo perang brantha yudha. Tawuran kuwi yo goro-gorone konconku sing jenenge Jati, bocahe cilek ireng wis tho pokok’e yen weruh kowe podho melas. Lha jati kuei dikiro pendelak-pendelik karo cah kelas telu trus digetak padahal pancen matane Jati kuwi gedhe trus plola-plolo, amargo di tantang Jati ngejak konca-kanca ngancani sebabpe yen dewean deknen ora wani.
We….e…lha dalah bali sekolah konco-konco karo cah kelas telu wis podho ngumpul nang ngarep POMBENSIN Bawen cerak kantor pos. Theng…theng….pertandingan segera dimulai, wis ra ono kata sambutan acara tawuran langsung ae dimulai “pok”…..”pLetak”…..”awduh”…..”prot”….wis ukoro sing ra genah metu kabeh.
Wis ono 15 menit kok sing gelut kok durung di banyuni? (koyo adu pithek kae lho). Eee…Jati sing awake “otot urat balung kabeh” kok tibo trus diidak-idak karo cah kelas telu, waduh iso dadi emping bocah kae. Ora ono sing akon mak bethunduk aku langsung ae ngepruk ndase cah kelas telu kuwi, e….lha dalah bocahe mengo nang arahku karo matane mendelik. We…e…bocahe moro nang aku, ngerti aku kalah gede awak’e tapi menang ganteng (hehe…he….) aku mlayu nang mburine geNtho koncoku sing sakiki dadi satpam cah kelas telu kuwi mau langsung ae disikat gentho. We ra nganggo suwe bocah kuwi mau wis nyekakar nang ndalan.
Lagi seru-serune adegan, e…e…mbak’e sing jogo warung malah bengak-bengok Polisi……Polisi…..Polisi… wah pemaine adegan perang langsung kocrat-kacrit mlayu numpak angkot, mlayu nang kuburan ugo ono sing mumpet nang WC.
Ow…..walah kuwi crito jaman semono…….

onTrang-onTrang naNg neGoroku


We....e.....ono opo maneh iki?
Gek ra suwe kae ono ukoro "Kriminalisasi KPK", "Cicak vs Buaya", "Mafia Hukum", "Bank Century", sakiki ono ukoro "Pemakzulan Presiden". Opo tenan wong-wong nang negaraku isone gawe kisruh, korupsi, mangan koncone dewe ugo sikat rono sikat rene. Wis jan sak umpomo kuwi mau bener onone lha arep dadi opo negoro iki?

Yen penggede-penggede ra krasa banget dampak'e, tapi koyo tho awak'e dewe sing wong cilik ngene ki jan kroso tenan pengaruhe. Contone sakiki rerego kebutuhan wis mulai mundak, golek gawean yo iseh angel tenan.

Kudune kuwi pemerintah ra usah gawe ontrang-ontrang, mestine yo iso gawe lapangan kerja sing iso nampung pengangguran nang negarane awak'e dewe iki.

Ayo tho ojo podho gawe ribut, yen iso gawe urip rukun, jujur, ojo ono ukoro lan tumindak sing ra becik maneh....

keNtut




Kurang ajar!!!! Mesti wong-wong ngomong ngono yen awak'e dewe ngentut sembarangan. Semono ugo yen ono wong liyo sing ngentut nang ngarepanne awak'e dewe rasane pengen misuh-misuh lan pengen ngetak gundule.

Suarane ra sepirakno, kadang koyo suara senapan otomatis kadang yo koyo ban kempes lan sakpinugalanipun. Tapi sing ora nguati yo pancen ambune sing iso gawe abang rupane sing ngentut ugo sing keno entut. Yen cocok yo iso marakke lemu, yen kowe ra percoyo di cobo dewe ae

Cobo bayangke yen kowe ngentut pas nang ngarepane wong-wong akeh tenan, mesti kowe rasane kisinan ra karoan genahe ngono kae......

HiDup baGai sebatang koRek aPi.....


Korek api hanya hidup sekali. Nyalanya tak lama, tidak ada satu menitpun sudah mati. Memberikan cahaya di kegelapan bahkan dapat memberikan nyalanya kepada lilin-lilin yang ada disekitarnya.Hidup kitapun bagaikan korek api, kadang terasa begitu cepat dan singkat. Seperti korek api yang padam sebelum habis umur manusia tidak dapat ditebak dan diterka. Kita juga dapat memberikan nyala kebaikan dan terang kerajaan surge melalui tingkah laku dan sikap kita sehari-hari walaupun kadang waktu terasa cepat hingga akhirnya kita dipanggil olehNya.

maEn ke kuroTidur aRgamakmur BengkuLu

woi iki fotone pas aku karo konco-konco dolan nang kurotidur, we lha dalah jebulane aku iso ketemu karo keluarga sing asline soko deso njalen mbahrowo. Rasane koyo mulih nang kampunge dewe, yen ngomong-ngomong nganggo boso jowo pokok'e maknyus tenan.

Lha sing melu foto kuwi yo aku, pak Nu, mBah saLi, eLien, suZana, bu dHe juwarni, trIck, trus mang juhai.

kapan yo iso mlaku-mlaku bareng maneh?

wkwkwk.....,

Kamis, 28 Januari 2010

Lha daLah......


woi.....lha dalah gamBar opo kuwi?
wah ra sopan tenan bocah sing njepret gambar kuwi

tapi kok iso yo mepe kothank kok nang wit kates....iso pas maneh

dadi penasaran ukurane ki piro yo? 34, 35 po 36.....

harap dijawab dewe.....
aku ra gelem melu mumet-mumet

mLaku-mlaKu nanG paNtai


Iki ceritane aku karo konco-koncoku mlaku-mlaku nang pantai
puLau bai Bengkulu, sing ono nang gambar saMping kuwi koyo tho mangjuhai, juki, trick, yulius, trus aku dewe.....

cobo aku sing endi?

kok ra ono cewek'e yo?

sek-sek bar iki mesti ono foto cewek'e.......ojo kesusu disek

dadi menungso kudu sabar lan iso nrimo ing pandhum.


lha iki sak iki ono gambare cewek, iku jenenge suzana ratu film horor

cHiki aNjinGku yaNg maNiez


wah cHiki dijak nampak disek lah, sopo ngerti iso dadi artis yo!!

we..e..lha dalah cHiki iki termasuk salah sijining kiRek sing pinter, gaweane jogo omah liyane kuwi yo tura-turu nang ngarep omah....

aku nDuwe lagu gawe cHiki, koyongene lagune

aku nduwe kirek cilek
jenenGe chiki
sopo waNi karo aku
lawaN chikiku

keren po ra lagune.......?

Salam kenal

Rasa pengen memiliki bLog mendorongku mencoba dan mencoba membuat blog, sekali gagal mencoba lagi, gagal lagi coba lagi dan akhirnya bisa juga.

buat teman2 tolong bantuin aku dalam mengelola blog, biar ntar aku semakin lancar dlm mengelola blog.

sekian dulu perkenalannya