Jumat, 29 Januari 2010

onTrang-onTrang naNg neGoroku


We....e.....ono opo maneh iki?
Gek ra suwe kae ono ukoro "Kriminalisasi KPK", "Cicak vs Buaya", "Mafia Hukum", "Bank Century", sakiki ono ukoro "Pemakzulan Presiden". Opo tenan wong-wong nang negaraku isone gawe kisruh, korupsi, mangan koncone dewe ugo sikat rono sikat rene. Wis jan sak umpomo kuwi mau bener onone lha arep dadi opo negoro iki?

Yen penggede-penggede ra krasa banget dampak'e, tapi koyo tho awak'e dewe sing wong cilik ngene ki jan kroso tenan pengaruhe. Contone sakiki rerego kebutuhan wis mulai mundak, golek gawean yo iseh angel tenan.

Kudune kuwi pemerintah ra usah gawe ontrang-ontrang, mestine yo iso gawe lapangan kerja sing iso nampung pengangguran nang negarane awak'e dewe iki.

Ayo tho ojo podho gawe ribut, yen iso gawe urip rukun, jujur, ojo ono ukoro lan tumindak sing ra becik maneh....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar