Jumat, 29 Januari 2010

jaMane gek mBiyen SMA



Sopo wae sing wis tau sekolah mesti nduwe cerito sing ngangenke ugo gawe bungahe ati, opo maneh cerita kuwi nyritakke jamane sekolah nang SMA. Wis mesti ra uwis-uwis le cerita karo koncone mesti iseh ditambah-tambahi karo le muncrat-muncrat banyu seko cangkem. Walah kudu nyiapke payung no.
Kelingan SMA, dadi pengin cerita pas kelasku (kelas 2.2) tawuran karo kelas 3, waduh rame tenan. Umpamane wayang yo koyo perang brantha yudha. Tawuran kuwi yo goro-gorone konconku sing jenenge Jati, bocahe cilek ireng wis tho pokok’e yen weruh kowe podho melas. Lha jati kuei dikiro pendelak-pendelik karo cah kelas telu trus digetak padahal pancen matane Jati kuwi gedhe trus plola-plolo, amargo di tantang Jati ngejak konca-kanca ngancani sebabpe yen dewean deknen ora wani.
We….e…lha dalah bali sekolah konco-konco karo cah kelas telu wis podho ngumpul nang ngarep POMBENSIN Bawen cerak kantor pos. Theng…theng….pertandingan segera dimulai, wis ra ono kata sambutan acara tawuran langsung ae dimulai “pok”…..”pLetak”…..”awduh”…..”prot”….wis ukoro sing ra genah metu kabeh.
Wis ono 15 menit kok sing gelut kok durung di banyuni? (koyo adu pithek kae lho). Eee…Jati sing awake “otot urat balung kabeh” kok tibo trus diidak-idak karo cah kelas telu, waduh iso dadi emping bocah kae. Ora ono sing akon mak bethunduk aku langsung ae ngepruk ndase cah kelas telu kuwi, e….lha dalah bocahe mengo nang arahku karo matane mendelik. We…e…bocahe moro nang aku, ngerti aku kalah gede awak’e tapi menang ganteng (hehe…he….) aku mlayu nang mburine geNtho koncoku sing sakiki dadi satpam cah kelas telu kuwi mau langsung ae disikat gentho. We ra nganggo suwe bocah kuwi mau wis nyekakar nang ndalan.
Lagi seru-serune adegan, e…e…mbak’e sing jogo warung malah bengak-bengok Polisi……Polisi…..Polisi… wah pemaine adegan perang langsung kocrat-kacrit mlayu numpak angkot, mlayu nang kuburan ugo ono sing mumpet nang WC.
Ow…..walah kuwi crito jaman semono…….

2 komentar:

  1. sikak bocah'e....
    ngawu-awu... just visit me bro'....
    njuk do tawuran neh yo...sikatttt.....

    BalasHapus
  2. haha......
    kuwi crito jaman semono, wah yen ra ono genTho aku mesti wes ajur mumur.....

    BalasHapus